Logo Miraculum Mundi

Produk My Miracle World

Senin, 13 Juni 2011

COFFEE FOR BRAIN 5

COFFEE FOR BRAIN 5



Gunané kopi






Kopi Indonésia

Gunané Kopi kajaba pancèn mènèhi kanikmatan kanggo kang ngombé, uga duwé kasiat tumrap kaséhatan.[1] Miturut Harvard Women’s Health, ana pitu paédah kopi yaiku kanggo diabetes, kanker, sirosis, panyakit Parkinson, panyakit jantung, stroke, lan fungsi kognitif.[2]

 

Diabetes

Saka 20 penelitian kang wis dilakoni ing sakupengé donya, nuduhké yén kopi bisa nyuda résiko diabetes tipe-2 nganti tekan 50%.[2] Miturut para peneliti, kadadéan kasebut diduga saka asam klorogenik kang dikandhut kopi duwéni guna kanggo ngalonke penyerapan gula ing pencernaan.[2] Asam klorogenik uga bisa mancing ngrembakane GLP-1, yaiku zat kimia kang bisa nambahi produksi insulin ( hormon sing ngatur penyerapan gula sajroning sel – sel).[2] Saengga bisa nyegah resistensi insulin, minangka pratandha anane diabetes tipe-2.[3] Zat liyane kang dikandhut kopi yaiku trigonelin (pro vitamin B3) kang uga bisa nyengkuyung kanggo ngalonke penyerapan glukosa.[2] Penelitian sing anyar nyebutke tumrap wong kang ngombe kopi 4 cangkir sedina, duwe resiko nandang diabetes tipe-2 luwih cilik tinimbang wong kang ora tau ngombe kopi.[4] Ananging kopi kang diombe yaiku kopi reguler utawa kopi ''decaf'' kanthi kadar kafein sing dikurangi.[3]

 

Kanker

Kasil riset kanthi konsisten nuduhake yen kopi bisa nyuda resiko kanker hati, kanker payudara lan kanker usus besar.[2] Ngancik menopause, wanita kang ngombe kopi 4 cangkir saben dinane duwe resiko nandang kanker payudara luwih cilik nganti tekan 38%.[3] Mangkono mau miturut studi kang kapacak ing The Journal of Nutrition.[3] Kopi ngandhut phytoestrogen lan flavonoid kang bisa nahan ngembakane tumor.[3]

 

Sirosis

Kopi bisa uga njaga ati saka sirosis, kang utama sirosis amarga mendem alkohol.[2] Salah sijining penelitian kang dilakoni dening para peneliti AS nuduhke yen ngombe kopi 2 cangkir saben dinane bisa nyuda risiko kena kanker hati nganti tekan 43%.[4] Miturut Dr. Arthur Klatsky saka divisi peneliti ing Oakland, California kang nglakoni survey tumrap 125.000 wong, separone minangka pecandu alkohol.[1] Kasil penelitian nuduhke yen ngombe kopi sak cangkir saben dina bisa nyuda 80% risiko infeksi ati amarga mendem alkohol.[1] Kopi bisa nyaring racun saka alkohol kang ana sajroning getih manungsa.[1] Ananging para peneliti durung bisa ngandharake bahan apa kang dikandhut kopi saengga bisa nyaring racun alkohol.[1]

 

Panyakit Parkinson

Uwong – uwong kang ngombe kopi duwe resiko luwih cilik nandang Parkinson tinimbang kang ora ngombe.[2] Kopi kang ngandhut kafein kasebut ora bakal ngrembakakake panyakit Alzheimer lan Parkinson.[3] Kandhutan antioksidan sajroning kopi bakal njaga sel kang ana gegayutane karo Parkinson supaya ora rusak. Dene Kafein bakal nyegah peradangan sajroning otak, sing asring digayutake karo Alzheimer.[3]

 

Panyakit jantung

Kopi bisa nyuda resiko nandang panyakit jantung.[2] miturut penelitian sing kapacak ing Arteriosclerosis, Thrombosis, and Vascular Biology, jurnal Asosiasi Jantung Amerika ngandharake yen adat padinan ngombe kopi lan the diduga bisa nyuda resiko penyaki jantung. [5] Wong kang ngombe kopi 2 nganti 4 cangkir saben dinane duwe resiko 20% luwih cilik nandang panyakit jantung tinimbang wong kang ngombe kopi kurang saka 4 cangkir. [5]Kopi ngandhut antioksidan kang luwih akeh tinimbang blueberry.[4] Antioksidan iku kang bisa njaga jantung uga nyuda efek rusak amarga peradangan arteri.[4] Kopi uga bisa nyuda tensi getih lan ngambakake pembuluh darah sing bakal ndadekake lakune getih luwih gancar.[4]

 

Stroke

Ngombe sak cangkir kopi saben dina bisa nyuda resiko stroke utamane kanggo wong wadon.[6] Mangkono kasil penelitian sing dilakoni dening para peneliti saka ''Divisi Nutrisi Epideniologi, National Institute of Enviromental Medicine, Karolinska Institute ing Stockholm'', Swedia durung suwe iki.[6] Penelitian mau dilakoni tumrap 34.670 wanita kang umure saka 48 taun nganti tekan 83 taun.[6] Banjur ditemokake yen wanita sing asring ngombe kopi bisa nyuda resiko nandang stroke nganti tekan 25%.[6] Mangkono uga kang ditemokake miturut studi tumrap wong lanang ing Finlandia. [2] Ananging sanadyan paedah kopi iku gedhe tumrap kaséhatan, diwanti – wanti supaya ora ngombe kopi kanthi luwih.[6]

 

Fungsi kognitif

Studi tumrap 4.197 wong wadon lan 2.820 wong lanang ing Perancis nuduhke yen ngombe kopi sawetara 3 cangkir saben dina bisa nyegah sudane fungsi kognitif otak dumadi saka umur kang saya tuwa nganti tekan 33% tumrap wong wadon.[2] Ananging paedah mau ora ditemokake tumrap wong lanang amarga wong wadon luwih peka karo kafein.[2] Kopi ngandhut antioksidan kang bisa ngrewangi gancarake neurotransmitter sing bakal ningkatake kerja fungsi otak.[4]

 

Cathetan suku

  1. a b c d e www.beritaterkini.asia (diunduh tanggal 22 April 2011).
  2. a b c d e f g h i j k l majalahkesehatan.com (diunduh tanggal 22 April 2011).
  3. a b c d e f g female.kompas.com (diunduh tanggal 22 april 2011)
  4. a b c d e f kesehatan.liputan6.com (diunduh tanggal 22 april 2011)
  5. a b www.tempointeraktif.com(diunduh tanggal 22 april 2011)
  6. a b c d e kesehatan.liputan6.com (diunduh tanggal 22 april 2011)







Hell geröstete Kaffeebohnen
 


Eine Tasse Kaffee

Kaffeeernte in Äthiopien

Kaffeesortiererin in Dili/Osttimor
 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar