JAMU 2 - Traditional Medicine in Indonesia
JamuJamu yaiku obat tradhisional kang bahane saka tanduran, upamané saka oyot, godhong, woh, lan kulit kayu sawijining tanduran kang kena kanggo ngobati werna-werna penyakit . Pèrangan wit-witan mau ana sing diolah kanthi digodhog lan ana uga kang dipangan mentah. Wong Indonésia wis ngerti jamu nalika pirang-pirang abad kapungkur. Kang sepisanan jamu mung ana ing kupêngan kraton utawa istana , yaiku ing Kasultanan ing Yogyakarta lan Kasunanan ing Surakarta. Jaman biyèn jamu mung dingerténi ing kalangan kraton lan ora éntuk disebarake ing masyarakat njaba kraton. Ananging kanthi owah ginsiring jaman kang saya suwé saya maju, jamu bisa diajaraké ing masyarakat njaba kraton, saéngga masyarakat njaba kraton wis akeh kang bisa ngracik jamu dhéwé. Prastawa iki kang ndadékaké jamu ngrêmbaka lan digawé ora mung wong Indonésia nanging uga payu ing manca nagara. Kanggoné masyarakat Indonésia, jamu iku resép turunan saka leluhur kang kudu dijaga lan dingrêmbakakaké. Sejarah JamuIndonésia wiwit mbiyèn mula wis kondhang karo gemah ripah loh jinawi lan lemahé kang subur lan asil buminé kang akéh. Sakliyané iku uga, akéh wit-witan kang bisa urip ing Indonésia. Sakliyané bahan pangan, alam Indonésia uga ngasilaké bahan kanggo keséhatan, lan kanggo kecantikan. Para leluhur nggunakaké resép kang bahan-bahané digawé saka godhong, umbi, oyot, kanggo nambani sembarang penyakit, sakliyané iku, bahan-bahan iki uga kanggo nggawé jamu awét ayu, awét nom kayata galian singsét, rapêt wanita, séhat wanita lan liya-liyané. Indonésia dikênal dadi nêgara nomor 2 kang nduwéni tanduran obat tradhisional sawisé Brasil. Jamu wis dadi tradisi atusan malah éwonan taun kepungkur. Tradisi ngracik lan ngombé jamu wis dadi budaya nalika jaman krajan Hindhu-Jawa. Prastawa iki kabuktékaké kanthi Prasasti Madhawapura ing jaman Majapahit. Ing Prasti Madhawapura katulis yén jaman semana ana profési utawa pagawéan tukang ngracik jamu kang diarani Acaraki. Ing Indonésia jamu wis ana pirang-pirang abad kepungkur. Ananging kang sepisanan jamu dikenal ana ing wilayah kraton utawa istana yaiku Kasultanan ing Ngayogyakarta lan Kasunanan ing Surakarta. Nalika menungsa kang sêpisanan ana ing donya,manungsa mung duwé pikiran piyé carané urip lan bisa mangan kanthi wareg. Saya suwé manungsa bisa nemokaké kéwan lan tanduran kang bisa dipangan, nanging ora mandheg tekan sêmono, manungsa uga bisa gawe obat saka tanduran. Wiwit saka iki manungsa banjur ngrembakakaké werna-werna tanduran kanggo obat. Ketrampilan lan kabisan ngracik jamu terus digethok tularaké ing putra wayah saéngga nganti ana ilmu kedokteran. Sawisé ditemokaké piranti kanggo nulis, manungsa banjur nggawé tulisan kabéh kawruh lan katrampilan nggawé jamu. Sakliyané iku uga ditulis bahan kanggo nggawé jamu, yaiku tanduran lan mineral utawa pelikan. Ananging amarga jaman sêmana durung ana kertas manungsa nulis iku kabéh ing lempung kang isih teles. Déné carané nulis nganggo logam kang pucuké lincip kaya paku. Lémpéngan lêmpung teles banjur dipémé ing panasan. Godhong palem uga digunakaké dadi kertas kang dienggo nulis. Sawisé ngêrti kertas, manungsa nggunakaké kertas kanggo nulis rêsép jamu. Kertas-kertas banjur bisa dadi buku, tuladhané De Materia medica kang ditulis déning Peanios Dioscorides lan Genera Plantarum kang ditulis dêning Linnaeus. sakwisé ana komputêr lan intêrnét, jamu sangsaya ngrêmbaka. Akéh resép-resép anyar kang digawé lan disebaraké ing internét. Galen, farmakolog lan dhokter, inovator obat saka tanduran lan kéwan ing taun 131-200 SM bisa nggawé ekstrak saka bahan-bahan kang alami. Ékstrak iki banjur dijenengi sêdiaan galénik utawa sediaan olahan. Ing Indonésia tanduran kang digawé jamu kacatet ing taun 772 M ing dokumén kang paling tuwa, yaiku ing Candi Borobudur. Sakliyané iku uga kacathet ing Candi Prambanan, Candi Panataran, lan Candi Tegalwangi. Taun 991-1016 M, resép obat, ékstraksi saka tanduran, ditulis ing godhong klapa kang diarani Lontar Usada ing Bali. Ing Sulawesi Selatan, akeh ramuan obat kang ditulis ing Lontarak Pabbura. Ing tlatah Jawa, ramuan obat ditulis ing rontal utawa godhong tal. Godhong tal padha karo lontar utawa godhong klapa]. Wis ana dokumén-dokumén kang wis ditêrjêmahaké ing bahasa Indonesia lan basa manca. Tuladhané yaiku terjemahan Lontar Usada ing bukuné Dr. Wolfgang Weck, Heilkunde Volkstum und auf Bali kang isiné kawruh lan cara nambani lan tindak-tanduk Bali. Dr. R. Goris, yaiku salah sijiné dhokter saka Belanda, sadurungê Perang Donya II kerep nulis ngenani literatur médis Bali kanggo dipacak ing majalah Indonésia lan negara manca. Nalika jaman kraton-kraton ing Indonésia, kayata Kraton Surakarta, wis digawé buku kang isiné rêsép obat-obatan. Buku iki jênêngé Kawruh Jampi Jawi lan dipublikasékaké taun 1858. Buku iki isiné 1.734 racikan jamu hêrbal. Tanduran kanggo gawé jamu asalé dijupuk saka tlatah ing kupêngan omah, ananging saya suwé saya enték lan padha njupuk ing alas. Saiki bahan-bahan kanggo nggawé jamu wis ditandur lan dibudhidhayakaké saéngga kualitasé bisa padha. Wektu kanggo manèn uga diatur. Rimpang biyasané dipanén ing akhir musim kemarau, amarga ing wayah iki rimpang ora thukul manéh, godhong lan pang-pangé padha garing. Wêktu jam 09.00-11.00 kang dadi wektu paling apik kanggo panén, amarga wêktu iku pas asimilasi maksimum. Jamu GéndhongSejarahé jamu géndhong kawiwitan ing krajaan Mataram Islam. Wong pinter kang sêpisanan dadi pêlopor nggawé utawa ngracik ramuan saka tanduran diarani wiku. Racikan banjur didol lan diiderké kanthi cara dipikul wong lanang lan digéndhong yén bakulé wédok. Cara ngêdol jamu kanthi digéndhong, nganti saiki isih tetep dilakoni déné bakul jamu. Jinisé jamu gendhong akeh macèmè, kayata cabé puyang, bêras kêncur, lan godhong katès. Jamu gendhong kang akéh digawé jaman saiki kayata béras kêncur kang bisa ngilangaké pegel-pegel ing awak. Sakliyané iku uga bisa nambah nepsu mangan. Bahan kanggo nggawé jamu beras kencur oraliya yaiku bêras lan kêncur. Kanggo nambahi rasa lêgi bisa dicampur karo gula abang utawa gula pasir, lan uyah. Saben bakul ngêdol jamu géndhong kang werna-werna jinisé. Jamu gendhong kang didol jinisé gumantung karo sênêngané pélanggan, kayata beras kencur, cabé puyang, kudu laos, kunci suruh, uyup-uyup/gepyokan, kunir asêm, pahitan, dan sinom. Jamu ana kang pancén diombé mung jamu iku, ana uga kang diombé kanthi kacampur karo jamu liyané. Sakliyané jamu gendhong uga ana jamu sêrbuk utawa pil, kang diasilakè saka industri jamu. Jamu-jamu mau diombé kanthi cara di campur karo banyu panas, kadangkala katambahan jêruk nipis, kuning endhog, banjur ngombé jamu sinom lan kunir asêm kanggo nambah sêgèr. Jamu gêndhong umumé kanggo kêséhatan.Konsumén ngombé jamu géndhong umumé minangka jamu kêséhatan kang bisa diombé sedina-dina. Jinisé JamuJamu Beras KencurBahan kanggo nggawé jamu bêras kêncur akéh variasiné, nanging ana 2 bahan pokok kang kudu ana yaiku bêras lan kêncur. Bahan iki kang dadi jênêngê jamu bêras kêncur. Bahan-bahan liyané kang kanggo nggawé beras kencur yaiku wiji kêdawung, jaé, wiji kapulogo, woh asêm, kunci, kayu keningar, kunir, jêruk nipis lan pala. Kanggo nggawé rasa legi dicampuraké gula abang lan gula putih, bisa uga gula sintétis kang digawé dhéwé. Carané nggawé yaiku, beras disangan tegesé digoréng ing wajan tanpa nggunakaké lenga. Bêras kang wis disangan banjur dialuské nganggo lumpang lan watu utawa alu wêsi. Bahan liyané uga diracik lan dialuské ing lumpang. Beras sangan lan racikan bahan jamu banjur dicampur, dipêrês lan disaring nganggo saringan kain kang mbungkus racikan. Sari peresan bahan banjur dicampuraké ing banyu mateng lan dhiudheg-udheg nganti rata. Sawisé kuwi banjur dilebokaké ing botol-botol lan siap dodol. Jamu Kunir AsêmJamu kunir asem diarani uga jamu adêm-adêman utawa seger-segeran têgêsê jamu kanggo nyegeraké lan gawé awak rasané adem. Jamu kunir asem uga bisa kanggo ncêgah panas dalam lan sariawan, lan nggawé wêtêng krasa adêm. Jamu iki pas yèn diombé dening ibu-ibu kang lagi meteng nom, amarga bisa nyuburaké kandungan. Sakliyané iku, jamu kunir asém uga bisa kanggo nglancaraké haid utawa ménstruasi Bahan pokok kanggo nggawé jamu iki yaiku kunir utawa kunyit lan asêm.Ananging ana uga kang nyampuraké sinom utawa godhong asêm nom, têmulawak, wiji kêdawung, lan banyu peresan jeruk nipis. Kanggo nggawé rasa lêgi dicampuraké gula abang lan gula putih, bisa uga gula sintétis kang digawé dhéwé, lan uyah. Carané nggawé, bahan-bahan dialuské nganggo lumpang lan alu wesi utawa watu, saliyn siap dhiwadahi gendhul. Jamu kunir asem utawa kunyit asam, rasané sêgêr, kêcut, lêgi lan uga bisa gawé awak séhat lan nyilikaké awak yèn diombé kanthi têratur. Jamu kunir asêm uga diarani hêrbal medicine kanggo mênstruasi. Jamu iki rasané énak lan biyasané kanggo tamba jamu sing pait. Jamu SinomJamu sinom méh padha karo jamu kunir asem, nanging jamu sinom ditambahi sinom utawa godhong asêm nom lan digawé luwih èncèr kanthi ngurangi bahan bakuné. Jamu Cabé PuyangJamu cabé puyang uga diarani jamu pegel linu. Jamu iki bisa ngobati cikalen, pegel linu, khususe pegel ing bangkékan. Jamu iki uga bisa nambani sikil utawa tangan gringgingen lan awak adem panas. Jamu cabe puyang pas yen diombé ibu-ibu kang lagi mêtêng tuwa. Bahan dhasar kanggo nggawé yaiku cabé jamu lan puyang. Bahan liyané kayata têmu ireng, temulawak, jaé, kudhu utawa pacé, adas, pulosari, kumir, mrica, kedawung, kêningar, buah asêm, lan kunci. Sakwisé iku banjur ditambahi gula abang, gula putih, utawa pemanis buatan, lan uyah. Cara nggawéné yaiku, banyu digodhog nganti umup lan dijarké nganti adêm. Bahan-bahan kang wis diracik dialuské nganggo lumpang lan alu wêsi utawa watu. Bahan-bahan iki dipêrês lan disaring nganggo saringan lan ditambahi banyu mateng. Banjur dilebokaké ing gêndhul-gêndhul. Jamu PaitanJamu paitan bisa kanggo jamu kêséhatan. Jamu paitan bisa kanggo tamba gatel-gatel lan kêncing manis, kanggo cuci darah, nambah nêpsu mangan, ngilangké bau badan, koléstêrol, wêtêng kêmbung utawa sêbah, kukul utawa jêrawat, pêgêl, sirah bilêng. Bahan dhasar kanggo nggawé jamu yaiku sambiloto lan bahan-bahan liyané kayata adas lan êmpon-êmpon, bratawali, widoro laut, doro putih, babakan pulé. Carane nggawé kanthi nggodhog kabéh bahan-bahan nganti umub lan banyuné kari separo. Banyu godhogan racikan jamu iki rasané pait. Jamu paitan ora nganggo gula. Kanggo ngobati pait, biyasané nganggo jamu sinom utawa kunir asem kang rasané sêgêr lan lêgi. Jamu Kunci SuruhJamu kunci suruh biyasané diombé para wadon, khususé ibu-ibu kanggo ngobati keputihan utawa fluor albus, kanggo ngrapêtaké vagina, ngilangaké bau badan, nyilikaké weteng, lan bisa nguatké untu. Bahan dhasar jamu yaiku rimpang kunci lan suruh. Ana uga kang nambahaké woh asêm kang wis matêng. Biyasané uga ditambahké bahan kanggo ramuan keputihan, yaiku dlima, woh pinang, kunci pepet, majakani, jambé, manis jangan, kayu lêgi, luntas, lan kêncur. Kanggo nggawê rasa legi dicampuraké gula abang lan gula putih, bisa uga gula sintétis kang digawé dhéwé, lan uyah. Cara nggawené, banyu digodhog, bahan-bahan racikan dialuské nganggo lumpang lan alu wêsi utawa watu, utawa bisa uga kunci diiris tipis-tipis lan digodhog, dipêrês lan disaring, banjur ditambahké gula lan dilêbokake ing gendul. Jamu Kudu LaosKhasiaté jamu kudu laos yaiku kanggo nambani darah tinggi utawa hipêrténsi. Sakliyané iku uga bisa kanggo nglancaraké perédaran darah, nggawé kepénak weteng,nambah nêpsu mangan,nglancaraké haid lan gawé awak seger. Bahan dhasar kanggo jamu kudu laos yaiku pacé utawa mengkudu lan laos, kêna uga ditambahi mrica, bawang, kêdawung, jêruk nipis, malah kadang uga ana sing nambahaké tapé telo. Kanggo rasa legi, nggunakaké gula putih lan uyah. Cara ngawéné, bahan-bahané kabeh dialuské karo lumpang lan alu wêsi utawa watu, banjur dipêrês lan disaring, lan dicampur karo banyu matêng kang adêm.Yen kurang lêgi bisa ditambahi gula. Sawisé iku banjur dhiwadhahi botol. Jamu Uyup-uyup/GêpyokanJamu uyup-uyup utawa kang diarani gêpyokan yaiku jamu kang khasiaté kanggo ningkataké produksi banyu susu ibu kang lagi nyusoni. Saliyané iku uga ana khasiat liyané yaiku kena kanggo ngilangaké bau badan, lan nggawé wêtêng krasa adêm lan kêpénak. Bahan dhasaré yaiku êmpon-êmpon kayata kêncur, jaé, bênglê, laos, kunir, têmulawak, puyang, lan têmugiring. Carané ngolah yaiku kabéh émpon-émpon dikumbah. Émpon-émpon iki ora prêlu dioncéki. Émpon-émpon banjur dirajang tipis lan ditumbuk. Sakwisé iku banjur dipêrês lan disaring. Pêrêsan êmpon-êmpon dicampur karo banyu matêng kang wis adem, lan yén rasané kurang legi, bisa ditambahi gula nganti rasané krasa énak. Cathetan Suku
Pranala NjabaPirsani galeri bab Jamu ing Wikimedia Commons.
http://jv.wikipedia.org/wiki/Jamu |
Tidak ada komentar:
Posting Komentar